Tembang Kinanthi
1. Pengertian
Kinanthi asale saka tembung kanthi artine nuntun utawa nggandheng, yaiku nggambarake wong tuwa nuntun anak-anake supaya mlaku ana sing dalan kang becik. Watake seneng, tresna, lan asih.
2. Tembang Kinanthi
Pada 1 :
Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.
Tegese:
Saktemene/sejatine sangune wong urip iku
Selawase tansah waspada lan eling
Eling/ngerti pratanda ana ing alam dunya
Dadi kekuatane asal-usule (Gusti)
Supaya diadohke/disingkirke saka sangsara
Ya kuwi mau sing jenenge jogo urip.
Pada 2 :
Marma den taberi kulup,
Angulah lantiping ati,
Rina wengi den anedya,
Pandak panduking pambudi,
Bengkas kahardaning driya,
Supaya dadya utami.
Tegese:
Mula sregepo anak-anaku
Sunauo landhepe ati
Awan bengi tansah budidaya (usaha)
Mlebu sajeroning ati sanubari
Ngadohi nepsu pribadi
Supaya dadi manungsa utama/becik
Pada 3 :
Pangasahe sepi samun,
Aywa esah ing salami,
Samangsa wis kawistara,
Lalandhepe mingis mingis,
Pasah wukir reksamuka,
Kekes srabedaning budi.
Tegese:
Anggone gladi ing wayah sepi (semedi)
Aja mandek sak teruse/sak lawase
Saumpama wis katon
Landhepe banget
Bisa ngiris gunung/masalah kang ngalami
Ilang kabeh kang ngalangi kabecikan
3. Piwulange Tembang Kinanthi
Pada 1 :
a. Wong urip iku anggone tumindak kudu tansah ngati-ati.
b. Manungsa kudu tansah eling marang Gustine.
c. Apa sing diciptake ing dunya minangka pengeling-eling kanggo manugsa.
d. Pratanda ana ing alam dunya minagka bukti kuasane Gusti.
e. Supaya uripe slamet kudu tansah eling lan waspada.
Pada 2 :
a. Nglandhepo sinau ngendhaleke ati lan pikiran
b. pikiran kanggo nemokake bab kabecikan lan ati kanggo budidaya tumindak becik.
c. Manugsa kudu temenan lan tulus anggone nglandhepne ati lan pikiran.
d. Nyingkirake hawa nepsu supaya dadi manungsa sing becik.
Pada 3 :
a. Nglandhepne pikiran lan ati saene ana ing papan kang sepi kanthi semedi.
b. Menawa wis rumangsa landhep bakale sirna dewe gedhene hawa nepsu.
c. Ati kang landhep bisa ngrampungi masalah/perkara sing gedhe, kaya gedhene gunung.

No comments:
Post a Comment