Thursday, July 27, 2017

Serat Wedhatama



Serat Wedhatama



Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan kanjeng gusti pangeran adipati Arya sri mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti.Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni.

       Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamus kawi-indonesia karangan  L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.

    
       Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang pupuh. Ing ngisor iki limang pupuh  ing serat wedhatama yaiku :

1. Pangkur (14 pada)

Ana ing serat wedhatama pupuh pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempurna, kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku babagan sopan santun.  Syarat utama kanggo duweni yaiku ati-ati utawa mawas diri. Manungso kang kasil mawas diri utawa ati-ati anggone nglakoni urip ana ing alam ndonya bakal tentrem ana ing donya.

2. Sinom (18 Pada)

Pupuh sinom ana ing serat wedhatama yaiku isine babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati . tuladhane yaiku Nata mataram Senopati kang duweni gelar wong agung ing ngeksigondo, tegese salah sawijineng pemimpin teladan , sumeh lan tresna marang kawulanelan asring nglakoni pasa, Ananging ora nadohi marang kawulane.

3. Pocung (15 Pada)

Isine pupuh pocung ana ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati. Kawicaksanaan sejati ora ketara ana sawijining papan panggonan. kawicaksanaan kasebut kudu kelakon. Piwulang Panembahan mangkunegara IV yaiku lila lan narima ,legawa utawa lila atine lan pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang gusti ingkang Maha Agung.

4. Gambuh (35 Pada)

Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang MAha Agung kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel ngendelake, serta tekun nglaakoni sembayang.

5. Kinanthi (18 Pada)

Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama di ringkes dadi 2 kelompok yaiku :

a. Piwulang kanggo kanoman

    Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, Serta mangerteni sumber ngelmu kang bener.
    Supaya ora nduweni sifat angkuh amarga duweni panguwasa
    Di suwun supaya bisa milah-milah ake kanthi cermat kabeh piwulang supaya bisa nggunakake ngelmu kasebut kanthi nyocoke papan lan ketrampilan kang di duweni.
    Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo trisarana urip yaiku wirya, arta, warsis.

b. Piwulang kanggo wong tuwa

    Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah babakan ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha Agung. Uwong kang dianggep tua yaiku uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan lelakoning urip. Dudu wong kang sing luwih tuwa umure.

Dadi serat wedhatama yaiku ngelmu babagan kebecikan. Ananging ora mung piwulang kebecikan kang lahire wae uga becik ing lair utawa batin.

Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi

1
   

Mangka kanthining tumuwuh,

Salami mung awas eling,

Eling lukitaning alam,

Dadi wiryaning dumadi,

Supadi nir ing sangsaya,

Yeku pangreksaning urip.
   

Padahal bekal hidup,

selamanya waspada dan ingat,

Ingat akan pertanda yang ada di alam ini,

Menjadi kekuatannya asal-usul,

supaya lepas dari sengsara.

Begitulah memelihara hidup.

2
   

Marma den taberi kulup,

Angulah lantiping ati,

Rina wengi den anedya,

Pandak panduking pambudi,

Bengkas kahardaning driya,

Supaya dadya utami.`
   

Maka rajinlah anak-anakku,

Belajar menajamkan hati,

Siang malam berusaha,

merasuk ke dalam sanubari,

melenyapkan nafsu pribadi,

Agar menjadi (manusia) utama.

3
   

Pangasahe sepi samun,

Aywa esah ing salami,

Samangsa wis kawistara,

Lalandhepe mingis mingis,

Pasah wukir reksamuka,

Kekes srabedaning budi.
   

Mengasahnya di alam sepi (semedi),

Jangan berhenti selamanya,

Apabila sudah kelihatan,

tajamnya luar biasa,

mampu mengiris gunung penghalang,

Lenyap semua penghalang budi.

4
   

Dene awas tegesipun,

Weruh warananing urip,

Miwah wisesaning tunggal,

Kang atunggil rina wengi,

Kang mukitan ing sakarsa,

Gumelar ngalam sakalir.
   

Awas itu artinya,

tahu penghalang kehidupan,

serta kekuasaan yang tunggal,

yang bersatu siang malam,

Yang mengabulkan segala kehendak,

terhampar alam semesta.

5
   

Aywa sembrana ing kalbu,

Wawasen wuwus sireki,

Ing kono yekti karasa,

Dudu ucape pribadi,

Marma den sembadeng sedya,

Wewesen praptaning uwis.
   

Hati jangan lengah,

Waspadailah kata-katamu,

Di situ tentu terasa,

bukan ucapan pribadi,

Maka tanggungjawablah,

perhatikan semuanya sampai  tuntas.

6
   

Sirnakna semanging kalbu,

Den waspada ing pangeksi,

Yeku dalaning kasidan,

Sinuda saka sethithik,

Pamothahing nafsu hawa,

Linalantih mamrih titih.
   

Sirnakan keraguan hati,

waspadalah terhadap pandanganmu,

Itulah caranya berhasil,

Kurangilah sedikit demi sedikit godaan hawa nafsu,

Latihlah agar terlatih.

7
   

Aywa mematuh nalutuh,

Tanpa tuwas tanpa kasil,

Kasalibuk ing srabeda,

Marma dipun ngati-ati,

Urip keh rencananira,

Sambekala den kaliling.
   

Jangan terbiasa berbuat aib,

Tiada guna tiada hasil,

terjerat oleh aral,

Maka berhati-hatilah,

Hidup ini banyak rintangan,

Godaan harus dicermati.

8
   

Umpamane wong lumaku,

Marga gawat den liwati,

Lamun kurang ing pangarah,

Sayekti karendhet ing ri.

Apese kasandhung padhas,

Babak bundhas anemahi.
   

Seumpama orang berjalan,

Jalan berbahaya dilalui,

Apabila kurang perhitungan,

Tentulah tertusuk duri,

celakanya terantuk batu,

Akhirnya penuh luka.

9
   

Lumrah bae yen kadyeku,

Atetamba yen wus bucik,

Duweya kawruh sabodhag,

Yen tan nartani ing kapti,

Dadi kawruhe kinarya,

Ngupaya kasil lan melik.
   

Lumrahnya jika seperti itu,

Berobat setelah terluka,

Biarpun punya ilmu segudang,

bila tak sesuai tujuannya,

ilmunya hanya dipakai mencari nafkah dan pamrih.

10
   

Meloke yen arsa muluk,

Muluk ujare lir wali,

Wola wali nora nyata,

Anggepe pandhita luwih,

Kaluwihane tan ana,

Kabeh tandha tandha sepi.
   

Baru kelihatan jika keinginannya muluk-muluk,

Muluk-muluk bicaranya seperti wali,

Berkali-kali tak terbukti,

merasa diri pandita istimewa,

Kelebihannya tak ada,

Semua bukti sepi.

11
   

Kawruhe mung ana wuwus,

Wuwuse gumaib gaib,

Kasliring thithik tan kena,

Mancereng alise gathik,

Apa pandhita antiga,

Kang mangkono iku kaki,
   

Ilmunya sebatas mulut,

Kata-katanya di gaib-gaibkan,

Dibantah sedikit saja tidak mau, mata membelalak alisnya menjadi satu,

Apakah yang seperti itu  pandita palsu,..anakku ?

12
   

Mangka ta kang aran laku,

Lakune ngelmu sejati,

Tan dahwen pati openan,

Tan panasten nora jail,

Tan njurungi ing kahardan,

Amung eneng mamrih ening.
   

Padahal yang disebut “laku”,

sarat menjalankan ilmu sejati tidak suka omong kosong dan tidak suka memanfaatkan hal-hal sepele yang bukan haknya,

Tidak iri hati dan jail,

Tidak melampiaskan hawa nafsu. Sebaliknya, bersikap tenang agar menggapai keheningan jiwa.

13
   

Kaunanging budi luhung,

Bangkit ajur ajer kaki,

Yen mangkono bakal cikal,

Thukul wijining utami,

Nadyan bener kawruhira,

Yen ana kang nyulayani.
   

Luhurnya budipekerti,

pandai beradaptasi, anakku !

Demikian itulah awal mula,

tumbuhnya benih keutamaan,

Walaupun benar ilmumu,

bila ada yang mempersoalkan..

14
   

­Tur kang nyulayani iku,

Wus wruh yen kawruhe nempil,

Nanging laire angalah,

Katingala angemori,

Mung ngenaki tyasing liyan,

Aywa esak aywa serik.
   

Walau orang yang mempersoalkan itu,

sudah diketahui ilmunya dangkal,

tetapi secara lahir kita mengalah,

berkesanlah persuasif,

sekedar menggembirakan hati orang lain.

Jangan sakit hati dan dendam.

15
   

Yeku ilapating wahyu,

Yen yuwana ing salami,

Marga wimbuh ing nugraha,

Saking heb Kang mahasuci,

Cinancang pucuking cipta,

Nora ucul ucul kaki.
   

Begitulah sarat turunnya wahyu,

Bila teguh selamanya,

dapat bertambah anugrahnya,

dari sabda Tuhan Mahasuci,

terikat di ujung cipta,

tiada terlepas-lepas anakku.

16
   

Mangkono ingkang tinamtu,

Tampa nugrahaning Widhi,

Marma ta kulup den bisa,

Mbusuki ujaring janmi,

Pakoleh lair batinnya,

Iyeku budi premati.
   

Begitulah yang digariskan,

Untuk mendapat anugrah Tuhan.

Maka dari itu anakku, sebisanya,

kalian pura-pura menjadi orang bodoh terhadap perkataan orang lain,

nyaman lahir batinnya,

yakni budi yang baik.

17
   

Pantes tinulat tinurut,

Laladane mrih utami,

Utama kembanging mulya,

Kamulyan jiwa dhiri,

Ora ta yen ngeplekana,

Lir leluhur nguni-uni.
   

Pantas menjadi suri tauladan yang ditiru,

Wahana agar hidup mulia,

kemuliaan jiwa raga.

Walaupun tidak persis,

seperti nenek moyang dahulu.

18
   

Ananging ta kudu kudu,

Sakadarira pribadi,

Aywa tinggal tutuladan,

Lamun tan mangkono kaki,

Yekti tuna ing tumitah,

Poma kaestokna kaki.
   

Tetapi harus giat berupaya,

sesuai kemampuan diri,

Jangan melupakan suri tauladan,

Bila tak berbuat demikian itu anakku,

pasti merugi sebagai manusia.

Maka lakukanlah anakku !

3 comments: